CERITA RAKYAT BAHASA JAWA
Bawang Abang & Bawang Putih
Jaman bien kuna, ana ing
sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang
Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih
pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining
dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal
dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.
Ing desa lia urip uga
janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih
mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering
nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang
Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih
apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan
maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal
mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging
suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan
abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh
pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane
Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.
Sawijining ramane Bawang
Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing
nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora
tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake
banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih
kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali
gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane.
Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake
sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.
Esuk iki wis dadi biasane
Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo
nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa
diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh
klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji
klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing
paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang
Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo
putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine.
"Dasar crobo!"
bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui!
lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"
Bawag Putih kepaksa nuruti
karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai.
Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge.
Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir
kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis
nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih
takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki?
amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko."
"Iya cah ayu aku
weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman.
"inggih paman, matur
nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.
Dina wis mulai peteng,
Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya
lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir
omah kui lan totok lawang.
"Kulonuwun...!salam
Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang.
"Sapa koe nduk?"
takon mbah kui.
"Kulo Bawang Putih
mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi.
Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih.
"Ulih nduk. Apa
klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe.
"Nggih mbah, Nopo
mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya. Mau klambine
nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si
mbah ngomong.
"Ya aku pan mbelekna
klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku
ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe.
"nggih mbah, kulo
bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab
Bawang Putih kalih mesem.
Seminggu Bawang Putih
manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah.
Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.
"Nduk, wis seminggu
koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine
aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah
siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih
moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing
cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang
Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.
Dung tekan omah, Bawang
Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng
dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui
kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking
senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo
serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake
kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.
NGrungu ceritane Bawang
Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing
lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang
langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang
Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing
sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya
pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna
Bawang Abang mulih.
"Bilih Mbah maringi
waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang
Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh
sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa
ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.
Gutul omah Bawang abang
langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga
wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur
ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui,
nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau
langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong
sing serakah.
Roro Jonggrang
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing
jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo
Prabu Baka.
Nanging kerajaan Prambanan diserang karo
kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane.
Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso.
Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan
Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro
Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi
permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung
Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung
Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune
sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak
buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin
lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro
Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo
Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar
jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan
disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana
999, tapi kurang 1.
Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang
amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang
dadi patung lan ngganepi 1000 candi.
Keong Mas
Kira-kira wis setaun desa
Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara
gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha
Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe
sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing
sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya
nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula
mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esuk mbok Randha
menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka
sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok
cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul
sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur
digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha
menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih
ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang
pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami
tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing
ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis
cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing
pawone.
Mbok Randha kaget ora
kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri
kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki
sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana,
aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong
Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur
njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb
ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi
Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka
kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing
kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari
Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni
Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku
ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan
wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog
Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa
kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang
diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang
diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana
liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi
Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan
nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine
garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta
karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug
ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune
Mbok Randha Dhadapan.
Malin Kundang
Sawijining dina, ing desa kang adoh saka aktifitas kulawarga nelayan
sing omahé ana pinggire segoro kalebu wilayah Sumatera Barat (Sumatera Kulon).
Amargo kahanané kulawarga iku ora duwé (mlarat), bapaké nékat budhal nggolék
gawéan ing negara liya kanthi numpak perau nyebrang segara sing amba banget.
Bapaké Malin ora tau balik manèh ing deso lan kulawargané, jalaran Ibune cancut taliwondo kudu nggenténi tugas Bapaké Malin
kanggo golék panguriban. Malin iku klebu bocah sing pinter banget ananging rodo
mbeling. Dhewéké kereb nguber-uber pitik lan nyeblak kambék sapu. Sawijining
dina, nalika Malin lagi nguber-uber pitik, dhéwéké kesandung watu lan lengen
kanane catu keno watu. Catu ono lengene iku mari nanging wekasé ora biso ilang.
Amargo rasa welas karo Ibuné sing rekoso banget nggolek panguriban kanggo
nggedhekaké dhéwéké, Malin nekat lunga adoh supaya mengkeh bisa sugih yèn uwis
balik (bali) maneh ing desane. Mula-mulane ibune Malin Kundang ora sepiro
setuju, ngelingi garwane uwis ora tau kundur maneh sak wise tindak adoh,
nanging Malin pancet ngengkel sing pungkasane Ibune marengake Malin lungo adoh
nunut perahu duweke saudagar. Naliko suwe ono perahu iku, Malin Kundang mempeng
sinau ukoro ilmu pelayaran ono uwong-uwong prahu sing uwis duwe pengalamane
akeh. Ing tengah-tengahe segoro, dumadakan prahu sing ditumpangi Malin Kundang
dikroyok begal-begal segoro. Kabeh bondho dagangane duwekane saudagar sing ono
njerone prahu dijaluk kanthi pekso karo begal-begal segoro, malah ora sethithik
wong-wong prahu osing dipateni karo begal-begal segoro. Malin Kundang kabekjan,
dheweke ndelik ing njero kamar cilik sing ketutup kayu. Amargo itu ora dipateni
karo begal-begal Malin kundang kelunto-lunto ing tengahing segoro, ing
pungkasane prahu sing ditumpangi nyanggrok ono ing sakwijining pulo. Nganggo
tenogo sing amung sethithik Maling Kundang mlaku tumuju ning deso sing cedhak
karo pinggire segoro (pantai). Deso sing dienggone Malin Kundang naliko kesasar
iku klebu deso sing makmur banget. Amargo ulet lan temenan anggone nyambut
gawe, Malin suwining suwe kasil dadi wong sugeh bando. Dheweke duwe parahu
dagang akeh kambek rewang (anak buah) sing akehe luwih soko 100 uwong. Sak wise
dadi sugih bondho iku Malin Kundang nglamar wanodyo supayo dadi sisihane
(garwane/bojone). Pawartos Malin Kundang sing uwis dadi wong sugih bondho lan
uwis kromo nganti tekan talingan ibune Malin Kundang. Ibu Malin Kundang rumaos
bersyukur lan remen banget amargo putrane uwis kasil. Wiwit dino iku, ibu Malin
sakben dinane tindak dermaga, ngrantos putrane karo nggalih menowo wae balek
ing desone. Sak wetoro suwi omah-omah, Malin lan sisihane budhal numpak prahu
karo anak-anak ugo akeh wong-wong ngisorane sing melu njogo. Ibu Malin sing
pirso ono prahu teko ono dermaga mirsani uwong loro ngadeg ono dhuwure gladak
prahu. Piyambake percados yen wong sing ngadeg kuwi sejatine putrane, Malin
Kundang karo sisihane (bojone). Ibu Malin Kundang tindak nyedeg prahu. Sak wise
cedhak, ibune pirso ono wekas catu ing lengen kanan wong iku, mulo ibune tambah
percoyo (percados) yen wong sing dicedheki iku Malin Kundang. “Malin Kundang, putraku,
kenopo kowe lungo suwi banget tanpo ngirim warto?", ngendikane karo
ngarangkul Malin Kundang. Nanging ndelok wong wadon tuwo sing agemane lungset
lan reged ngrangkul dheweke, Malin Kundang nesu sing sak temene dheweke wis
ngrumangsani yen iku sejatine ibune, nanging dheweke rumongso isin yen kahanan
iku mau nganti bojo lan wong-wong ngisorane weruh. Jalaran
nompo tumindak olo soko putrane iku, ibu Malin Kundang dadi duko yayah sinipi.
Piyambake ora ngiro yen putrane dadi anak keblinger (durhaka). Amargo banget
lehe duko, ibu Malin ngentikan lan nyedakake (bersumpah) kanggo putrane, “ Duh
Gusti, menawi leres tiyang meniko anak kawulo, kawulo nyedakaken tiyang meniko
dados watu” Sak wisé iku,
ora let suwi Malin Kundang balék manèh numpak prahu layar, lan ono
tengah-tengahing segara dumadakan teka angin puyuh nganti prahu layar Malin Kundang rusak. Sak banjuré awaké
Malin Kundang suwining-suwi dadi kaku sing pungkasané dadi awujud watu karang.
Nganti sepréné Watu Malin Kundang isih bisa didelog ana ing sawijining
pinggiran segara (pantai) sing dijenengaké Pantai Bayu Legi (Pantai Air Manis),
ing sisih kidul kuto Padang, Sumatera Barat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar